Subscribe

23 September 2007

Awakmu iku Nglencer tah Minggat?

Lokasi Wisata Kerebritis: Pantai Kenjeran Surabaya

(Warning: Javanesse Language Only!)

Karto kere:
Sek talah..Jon! Koen iku ape nangdi?

Jono Mbois karo ndrenges nyauti Karto,

Jono Mbois:
Hehehe..Nglencer nang Kenjeran rek..

Karto kere:
Koen iku Nglencer tah ape Minggat? katek nggowo kloso, rantang sego, bantal, tas ransel ..

Jono Mbois:
Wah repot, musuh wong gak gaul koyok koen iku To!

Karto kere:
Gak gaul yo opo seh? aku iki Kere gaul jek!

Jono Mbois:
Jenenge nang tempat wisata iku opo-opo mbayar, opo-opo larang ..lha timbangane nang kono ngaplo, yo aku nggowo opo-opo dhewe teko omah ..

Karto kere:
Wah yo ngene iki lho, nek wong kere kakean gaya, kathik acara ngelencer barang ...

Jono Mbois:
Lha mosok minggu-minggu aku dines rek?

Karto kere:
Lha David, bedhes mu melok sopo?

Jono Mbois:
Areke gak gelem melok, jarene pingin nontok Doraemon ae ..

Karto kere:
Halaah cangkemmu! mosok bedhes isok ngomong?

Jono Mbois:
Lha wis bolak-balik tak tawari melok opo gak, de'e mbhideg ae..yo wis ..

Karto kere:
Halaaah alasan, koen lak apene ngejak Yatemi Mblodes kan? ngaku ae ..

Jono Mbois:
Yo mestine rek ..nggolek duwik gawe oppo nek gak gawe genda'an ?

Karto kere:
Lha nek awakmu dhuwe duwik lapo kathik nggowo bothek'an sak munuh akeh'e?

Jono Mbois:
Yo iki jenenge urip prihatin To, ..awak ndhewek iki sik isok ndang rabi rek ..

Karto kere:
Lha nang kenjeran koen numpak opo?

Jono Mbois:
Aku maeng wis warah barek Dul Nyambik, sepeda onthel'e tak selang dhiluk ..

Karto kere:
Jancuk! aku yo butuh rek ..

Jono Mbois:
Gawe opo koen? Dul Nyambik iku wis rodho kapok nyelehno sepeda nang awakmu,
jarene tau mbok gadekno barang sepeda iku ...

Karto kere:
Lhooo..sing penting kan gak sampek tak dhol..pancene waktu iku aku butuh dhuwik Jon ..

Jono Mbois:
Halaaah prejenganmu koyok luwak! wis, cabut sek yo..

Karto kere:
Engkuk dhisek tah ..

Jono Mbois:
Opo maneh? Selak telat aku iki ... Yatemi iku wis adhus wis wedhak'an ..selak dirubung laler arek iku engkuk ...

Karto kere:
Lha iyo, ..rantangmu iku isine opo ae Jon? Kok kethok ane Mbegegeg ngono?

Jono Mbois:
Kok isine opo? Yo sego goblok! lha mosok katene Gragal? Gragal gawe ngasaaak bathuk mu tah?

Karto kere:
Lho? ojok kathik murang-muring ngono tah? aku lak mek takok ...
Lha terus iwak'e opo?

Jono Mbois:
Karepku iku engkuk Yatemi apene tak jak nggolek kerang disek, nek gak onok yo nggolek jangkang tah, opo tah, ..baru dimasak, baru mangan bareng ..hehehe..ngono lak romantis tah?

Karto kere:
Romantis apanee? yo Yatemi selak tambah Mblodes arek iku, selak kaliren ..

Jono Mbois:
Wah awakmu iku koyok eruh-eruh'o ae..pacare lak aku seh?

Karto kere:
Yo wis karepmu ..

Jono Mbois:
Aku tak budhal disek yo ?.. eh iyo meh lali aku ..

Karto kere:
Opo? ape utang tah? gak duwe dhuwik aku..

Jono Mbois:
Wis ngerti nek awakmu iku pancen gak gableg dhuwik Su!
aku iki ape nyeleh Catut!

Karto kere:
Ancuk! nglencer kathik nggowo catut barang? gawe opo Jon?!

Jono Mbois:
Lho penting iku Ndheng!! gak onok iku gak sido budhal aku ..

Karto kere:
Lhaiyo gawe opo??

Jono Mbois mesam-mesem, terus nyidhek nang Karto kere..

Jono Mbois:
Kenjeran lak mlebune larang tah? catut iku tak gawe nggunting kawat,
aku mlebune mbrobos ae..hehehe..

* * *

Tidak ada komentar: